Selasa, 09 Mei 2017

Para Pemimpin terduhulu itu bukan orang yang bodoh dan dangkal Ilmunya dalam ikut serta merumuskan Model Negara Kita

Pemimpin pergerakan dan tokoh agama jaman kemerdekaan iku wis mikir nganti mbluenger kepiye carane gawe model negara sing bisa guyup lan rukun senajan beda suku, beda keyakinan, tapi bisa jaga adat istiadate lan bisa nglakoni ngibadahe. Beliau-beliau iku ya ora wong sing bodho alias ilmune cethek.

Jal bayangke nek gawe negara dewe. Ana kesultanan Aceh, kesultanan Melayu, Negara Sunda, Kerajaan Yogyakarta/Surakarta, negara Bali, negara NTT, negara Dayak, Negara Papua, negara Islam, negara Kristen, negara Hindu, negara Kejawen, nganti umek pada rebutan wilayah, pada perang. Lha njuk kapan merdekane, kapan tentreme, kapan?

Opo nek umpamane ngedegake negara model dewe disik ora biso? Biso banget, mungkin wong sing sekeyakinan, sesuku malah podo seneng. Tapi, sing mberjuangke negara iki dudu wong sing sekeyakinan lan sesuku thok thil. Opo sholat wis dilarang, opo nang gereja wis dilarang, opo nang wihara wis dilarang, opo ngibadah sesuai keyakinan dewe wis dilarang? Kan isih biso ngibadah tho?

Alasane mergo wis ora ana keadilan? Nek ngono kui dudu negarane sing perlu diubah, tapi oknum-oknum sing tingkahe ora bener kui sing kudu diubah. Makane dadio wong sing bener, dadi polisi sing bener, dadi tentara sing bener, dadi pemimpin sing bener, dadi guru sing bener, dadi pedagang sing bener, dadi petani sing bener, dadi buruh sing bener, lan didik sing bener anak turune bene dadi wong bener, sesuk gantinen oknum-oknum sing kena penyakit gila kekuasaan dan takut miskin iku bene ora ana meneh ketidakadilan.

Isih rung nrimo mergo kui saudara seakidah? Ana pengajian kok dibubarke? Aku pengen takon, nek umpama pengajian iku gawa mudharat kepiye? Gawe perpecahan kepiye? Gawe konflik kepiye? Aja meneh pengajian, Khalifah Umar wae ngancem gubernure dewe mergo bangun masjid nang tanahe wong Yahudi, mergo wong Yahudine ngadu yen ora ngentukke tapi gubernure mekso bangun masjid. Tapi akhire mergo weruh akhlake khalifah sing adil ngono malah wong Yahudi mau nyumbangke tanahe gawe bangun masjid. Kesimpulane opo? AKHLAK. Yen pengen negara adil, dandani akhlake. Yen pengen bersatu agamane, dandani akhlake. Yen pengen bisa ngalahke komunis lan liberalis, dandani akhlake.

Kepiye kongkrite? Ora usah adoh, kae lho tanggamu kira2 wis mangan durung, nek durung yo diwenehi. Kae lho saudaramu arep tuku nang warungmu tapi duite kurang, yo dikhlaske nek ora diutangi disik. Kae lho pas lewat ana tanggane, yo diboncengke. Kae lho ana kancamu susah, yo ditulungi. Kira-kira wis ngono durung? Khilafah disik kuat, adil, maju, mergone akhalake ngono kui lho. Tapi mergo pemimpine podo ora adil, numpuk harta, rebutan kekuasaan, akhire bubrah dedel duel.


Makane saiki luwih penting bentuk akhlake, ayo anak turune pada didik bene akhlake kaya sahabat nabi, pemberani kaya panglima Shalahudin Al Ayyubi, mulia kaya sultan Muhammad Al Fatih. Insyaallah nek generasine sesuk ngono kui, pemimpine ngono kui, rakyate ngono kui. Ora ana sing bisa macem-macem. Titik!

0 komentar:

Posting Komentar