Pemimpin pergerakan dan tokoh agama jaman kemerdekaan iku wis
mikir nganti mbluenger kepiye carane gawe model negara sing bisa guyup lan
rukun senajan beda suku, beda keyakinan, tapi bisa jaga adat istiadate lan bisa
nglakoni ngibadahe. Beliau-beliau iku ya ora wong sing bodho alias ilmune
cethek.
Jal bayangke
nek gawe negara dewe. Ana kesultanan Aceh, kesultanan Melayu, Negara Sunda,
Kerajaan Yogyakarta/Surakarta, negara Bali, negara NTT, negara Dayak, Negara
Papua, negara Islam, negara Kristen, negara Hindu, negara Kejawen,
nganti umek pada rebutan wilayah, pada perang. Lha njuk kapan merdekane, kapan
tentreme, kapan?
Opo nek umpamane ngedegake negara model dewe disik ora biso?
Biso banget, mungkin wong sing sekeyakinan, sesuku malah podo seneng. Tapi,
sing mberjuangke negara iki dudu wong sing sekeyakinan lan sesuku thok thil.
Opo sholat wis dilarang, opo nang gereja wis dilarang, opo nang wihara wis
dilarang, opo ngibadah sesuai keyakinan dewe wis dilarang? Kan isih biso ngibadah
tho?
Alasane mergo wis ora ana keadilan? Nek ngono kui dudu negarane
sing perlu diubah, tapi oknum-oknum sing tingkahe ora bener kui sing kudu
diubah. Makane dadio wong sing bener, dadi polisi sing bener, dadi tentara sing
bener, dadi pemimpin sing bener, dadi guru sing bener, dadi pedagang sing
bener, dadi petani sing bener, dadi buruh sing bener, lan didik sing bener anak
turune bene dadi wong bener, sesuk gantinen oknum-oknum sing kena penyakit gila
kekuasaan dan takut miskin iku bene ora ana meneh ketidakadilan.
Isih rung nrimo mergo kui saudara seakidah? Ana pengajian kok
dibubarke? Aku pengen takon, nek umpama pengajian iku gawa mudharat kepiye?
Gawe perpecahan kepiye? Gawe konflik kepiye? Aja meneh pengajian, Khalifah Umar
wae ngancem gubernure dewe mergo bangun masjid nang tanahe wong Yahudi, mergo
wong Yahudine ngadu yen ora ngentukke tapi gubernure mekso bangun masjid. Tapi
akhire mergo weruh akhlake khalifah sing adil ngono malah wong Yahudi mau
nyumbangke tanahe gawe bangun masjid. Kesimpulane opo? AKHLAK. Yen pengen
negara adil, dandani akhlake. Yen pengen bersatu agamane, dandani akhlake. Yen
pengen bisa ngalahke komunis lan liberalis, dandani akhlake.
Kepiye kongkrite? Ora usah adoh, kae lho tanggamu kira2 wis
mangan durung, nek durung yo diwenehi. Kae lho saudaramu arep tuku nang
warungmu tapi duite kurang, yo dikhlaske nek ora diutangi disik. Kae lho pas
lewat ana tanggane, yo diboncengke. Kae lho ana kancamu susah, yo ditulungi.
Kira-kira wis ngono durung? Khilafah disik kuat, adil, maju, mergone akhalake
ngono kui lho. Tapi mergo pemimpine podo ora adil, numpuk harta, rebutan
kekuasaan, akhire bubrah dedel duel.
Makane saiki luwih penting bentuk akhlake, ayo anak turune pada
didik bene akhlake kaya sahabat nabi, pemberani kaya panglima Shalahudin Al
Ayyubi, mulia kaya sultan Muhammad Al Fatih. Insyaallah nek generasine sesuk
ngono kui, pemimpine ngono kui, rakyate ngono kui. Ora ana sing bisa
macem-macem. Titik!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar